Oleh: donbull | Juli 16, 2012

birrul walidain

amal sing paling disenengi gusti Alloh yaiku mbagusi wong tuwo loro. Karo wong tuwo kui sing apik. Ojo nganti mergo seneng keluarga, seneng anak bojo, ngantek lali wong tuwo.Tulung dirungokno, nek bojo kui ana surate nek wong tuwo ora ana surate. Bojo kui iso pegatan, nek wong tuwo ora iso pegatan. Dadi, bojo karo wong tuwo iku isih bateh wong tuo. WOng tuo bateh tenanan.Lha saiki akeh anak sing podo wani karo wong tuwo, tulung kanca-kanca remaja dirungokno, wong enom-enom kui, salaman karo wong tuwone nyucup tangane wae kudu emoh, ora gelem, tapi nek salaman karo gendhaane (pacar e) tangane dicucup ngatek metu suarane. Marang wong tuwo podo ora gelem basa. MasyaAllah. Neng ndi wae sak lawase, anak ga bakal bisa bales budhine wong tuwo. Tak baleni, sak lawase anak ga bakal bisa bales budhine wong tuwo.

Ayo podo diangen-angen, ga ana wong tuwo ga ana anak. Wong tuwo kui dadi jalarane anak. Opo ana anak sing mlethek dewe saka njero watu. Wong tuwo tau nggembol anak, anak ga tau nggembol wong tuo. Wong tuwo tau ngeden ngetok ne anak, anak ga tau ngeden ngetok ne wong tuwo.Wong tuwo bolak-balik nyewoki anak, anak nyewoki wong tuwo kui mung nek arep mati. Wong tuwo ngrumat anak suwe tahun-tahunan, anak ngrumat wong tuwo mung sedelok. Wong tuwo ngrumat anak kui sing diarep-arep uripe anak, nek anak e lara bingung olehe golek tombo. Tapi nek anak ngrumat wong tuwo kui meng kari ngenteni matine.Lha wong tuwo ngrumat anak ikhlas,opo ana wong tuwo ngrumat anak njaluk bayaran????? ikhlas. Tapi anak gelem ngrumat wong tuwo biasane njaluk cekelan sawah. Kae lho sawah pojokan sing bener kudune aku sing nggarap soale aku sing ngrumat mbok e.Masya Allah. tak baleni sak lawase anak ga iso mbales budhine wong tuwo.Mboten saged. Mulo kui wong jawa duwe sanepan, “wong tuwo kui mripat, anak kui kenthol (paha)” Nek kenthol tiba getihen, mripat melok nrocoh, tapi nek mripat keculek, kenthol ora nggadheg. Anak lara wong tuwo melok ngrasakno loro, anak susah wong tuwo melu prihatin. Tapi, nek wong tuwo lara biasane anak ora open. Kadang anak ora ngurusi. (a :”Mbokmu loro yo?” b:”iyo, yo jarene wong-wong kui”). Ya Allah.

Sak seneng2 e anak marang wong tuwo ga bakal ngalahi senenge wong tuwo marang anak. Sak gedhe2 ne senenge anak marang wong tuwo ga mbandingi senenge wong tuwo marang anak. Merga senenge wong tuwo marang anak iku ibarat sak klapa, neng senenge anak marang wong tuwo meng sak upa. Sak gedhe2ne upa ga ngira bakal ngalahi gedhene klapa sanajan klapane kecenthet.

Wong tuwo siji iso ngrumat anak wolu, anak e wolu dadi wong kabeh rak bakal ana sing dadhi cempe (anak wedhus). Anak wolu ngrumat wong tuwo siji kadang ora iso,iren kabeh. Misal bapak e sakit ning rumah sakit iso geger sakdulure. (a: “aku wis nunggoni ning kene telung dina!! Kowe rung rene blas”, b : aku wis ngetokne rong juta, lha kowe ngetok ne apa? abab??” [ribut]). Wong tuwo kui lho ijasah trimo SD tapi iso ndadekne anak e sarjana. Berarti ukuran pintere anak iku ga bakal ngalahi bodhone wong tuwo. Ngono kui nek anak wis sukses dadi wong, wong tuwo sek melas, mung iso cerita. Anak iso dadi wong mergo sayange wong tuwo iku ikhlas.

Opo tumon sampeyan misal anake wis dadi pegawai utowo anggota DPR, wong tuwone ngomong, “Cung, aku wis ngrumat kowe selawe (25) tahun, saiki kowe wis dadi DPR, ngene wae itung wae sedino rong pulung ewu (20.000). Mboten wonten, oga bakal ana. Wong tuwo yo mek iso crito nek anak e wis sukses, tapi yo tetep melas. Terus sing seneng sopo? bojone sing seneng. Lha wong tuwone paling diparani paling nek mung wayah riyaya. Diparani, bapak e paling banter, nek wayah riyaya thok, di tukokno pakaian taqwa karo sarung gajah duduk, nek ga sarung gajah masuk angin. Ibuk e di wenehi duit 200 ewu, kui anak papat digawa kabeh, mengko muleh di sangoni neh, seket, seket, wong papat, entek.Lho ngono kui, bareng mbalik sembarang kalir barang digawa sak eneng e. Lha sepeda motor di wenehi palangan ning mburi. Seh diwenehi krenjang, kerdus ditumpuk limo, nangka enom, gedhang mentah digawa. Telo dilebokno kresek, nganti anak an kucing lho dicangking.Bareng anak putune wis balik, ibuk e mung iso klenga-klengo ning emper. Ditakoni sing lanang, ana apa tho bu? kowe kok klenga-klengo. Eeee yo ra ening apa-apa paak, alhamdulillah rampok e wis minggat kebeh. Anak ra bakal iso mbales budhine wong tuwo sak lawase.Aku pesen bener, nek pengen mulyo uripmu, rak sah mikirne nasibmu, rak sah mikirno nasib e anak2mu, wong tuanem pikiren nasib e, janji karo wong tuwo ko tepakno, nasib e anak lan keluargamu bakal ditepakne karo Gusti Allah.

sing dimaksud wong tuwo, ki yo wong tuwo yo moro tuwo. Sanajan moro tuwo njengkelke ati kudu tetep diapik i. Kadang ana moro tuwo sing ngeler mantu ne ning ndi2. “Kae lho mantuku sing nomor siji yo pinter karo marang wong tuwo, opo2 ileng karo wong tuek. Lha sing nomor loro kae lho kerjane mung monak-manak thok.” Sanajan moro tuwo kaya ngono kudu tetep di apik i. Anggep wong tuwo lan moro tuwo kui Qur’an amoh. Amoh’o kaya apa, kui Qur’an. Ojo nganti klereran. Ape nyekel kudu wudlu dhisik. Delek ning panggonan sing paling dhuwur. Elek o kaya apa, njengkelne kaya opo, wong tuwo kui Qur’an. Ati2 ojo nganti kuwalat. Anak kui lho, sanajan pinter e sundul langit, iso nggraji angina paribasane, sugihe sak mblagentak, atek elek karo wong tuwo, mantu ko nganti wani marang moro tuwo, ojo arep2 urip barokah. Sanajan pinter, sarjana, titel e renteng2 atek elek marang wong tuwo ora ngarah iso mulya uripe. Yo wong tuwo, yo morotuwo, biasane kui sing wedhok2 sering mbedak2no. Nek wong tuwone dewe sing dolan, sembarang barang di tok no. Kulkas2 disugohno, lemari kursi di gawakno. Tapi nek morotuwone sing dolan, mecucu rai ne ngelumpuk ning lambene, linciiiip. Karo nggremeng, “rena-rene, alasane ndolani putune, mengko lak opo2 digawani kabeh. toples digawa, piring digawa, iki opo maneh sing arep digondhol.”


Tanggapan

  1. Lha iki rak ceramahe KH Anwar Zahid kae tho?

  2. hahaha.. benar… itu sebagian kecil.. yang saya inget terus saya tulis.. :D

  3. wah…. tak faham saya artinya…ckk

    • hehehe tak apa lah.. mas… terima kasih banyak buat kunjungannya…


  4. traslate donkz

    :)

    • haha… nanti bakal ada yang berubah mb kalo ditranslete…

  5. Alhamdulillaah. . .
    maturnuwun wejanganipun. . .
    Tansah kulo angen2 birrul walidain niki. . . :)

    • nggih mb.. matur nuwun.. sami2

  6. Kalau mau download ceramahnya dimana Mas?, judulnya apa ya?

    Terimakasih

  7. kunjungan pertama kali saya nih :)
    salam kenal..
    kapan-kapan mampir iya ke blog sederhana saya..
    makasih

    • keren mas blognya…. :D

  8. bung Yono : coba saja di sini http://zidatulhidayah.wordpress.com/2011/08/18/ceramah-lucukh-anwar-zahid/

  9. ngga paham……… :(

    • hahaha gpp mb.. paling ngga judulnya..

      • ngga paham jgaaaaa……… hiks!

      • ngek.. ngok… haha itu bahasa jawa kasar masih dicampur dialeg daerah..

      • kasih tau dong……

      • wah… saya yang susah neranslete nya mb.. Intinya berbakti sama orang tua…

  10. padahal aku iki wong jowo
    tapi kok ndelok tulisan jowo
    sirah ku dadi loroh yo… :)

    • orang sekarang lebih fasih baca tulis ngomong bahasa inggris mb.. apalagi bahasa gaul… bahasa alay jangan ditanya,, :P

  11. like this word –> Lha sing nomor loro kae lho kerjane mung monak-manak thok.

    • hahaha…. hamil itu juga ibadah mas… nek siang walau makan dianggap puasa nek tidur malam dianggap tahajjud

  12. waw, ini mah bahasa suamiku, aku ga ngerti :lol: intinya perintah menghormati ortu kan ya? *sotoy*

    • hehehe itu intinya dagelan anak sama orang tua dan mertua yang sering terjadi mb…

    • oh ya mb.. suaminya orang mana mb? hahaha 11 12 mb.. sama yg mb maksud

  13. Salam…. Om itu bagus banget….ceramah kiyai di Jawa ya…. siapa nama kiyainya????

  14. Oh ternyata kiyai KH Anwar Zahid

    • haha iya mas…


Tinggalkan Balasan ke donbull Batalkan balasan

Kategori